Senin, 28 Mei 2012

Manut Ngelmu Manggis

27 Mei 2012 | 07:20 wib


 Dening : SUWARDI ENDRASWARA

imageNGELMU manggis iku klebu bothekan kawruh candra jiwa kang jero. Jiwane wong Jawa bisa disemak seka blegere manggis. Wong Jawa sing butheg lan bening jiwane, gumantung woh manggis. Ana manggis bosok, manggis manis, manggis kemalan (atos), lan manggis karengat. Mula ana tetembungan Jawa: pilih manggis apa rambutan, wong sing wengis jiwane tegelan. Ora ngira jebul wong Jawa wis suwe ngecakake ngelmu manggis. Mula disebut wong Jawa manggis.
Ing bebrayan saben dina, ngel mu manggis dadi pengilon kang becik. Lire, aku duwe kanca sing wengis lan tegelan. Dheweke lagi nampa pepeteng merga seka polahe dhewe. Tegese, meh wae dheweke bakal "kewudan'' bebasane.
Merga, sasuwene iki katon alus, nglembah manah, prasajaning dhiri, ning jebul kabeh iku samudana. Dheweke jebul atine metu wulune, pengin nekak kanca. Bareng arep keweleh ing sawijining perkara, banjur nubras-nubras, persis dayane ngelmu manggis, oringas-pringis klejingan.
Sangertiku, ana telung bab kang wigati tumrap ngelmu manggis. Sepisan, jaman uripe, manggis iku katelah woh sing malik rupa. Malik grembyang. Pengin ngerti, manggis kuwi, sekawit wohe ijo. Nalika pentil malah semu kuning. Yen isih ijo utawa kuning, manggis ora enak, sepet.
Akeh tlutuhe. Yen dipijet atos ora mekakat. Bab iki satemene nggambarake lelakone wong Jawa manggis. Wong Jawa sing atine atos kaya watu. Jiwane wong mau merkengkong. Angel dieluk.
Wong Jawa manggis enom, iku atos. Atos kaya watu item. Iki gambarane wong Jawa sing ngelmune urip cethek, durung mateng, adate atos banget atine. Ing kene, wong mau asring kemethak, kemritik. Anggepe, mung awake dhewe sing paling super, paling hebat, lan paling bener.
Wong liya, asring dianggep salah. Aku duwe kanca, sing remesik, atine atos kaya manggis enom. Wah, kanca mau senengane sinis. Basane alus kaya kulit manggis, nanging jebul dheweke kuwi tukang nyuduk kanca seka pungkuran bebasane. Yen ana kanca liyane arep entuk kanikmatan, dheweke atine adi watu persis manggis mekakon, dhemen metani kanca. Lire, kancane dicatheti lupute, ditlesih salahe, nganti tekan mbunmbunan. Lhadalah, anggone mangkono mau mung kanggo nutupi trekahe sing ala yaiku drengki srei, jail methakil.
E, jebul bareng dheweke kepengkok, bakal kebukak wewadine banjur ngelmu manggis ditrapke. Yaiku, ngelmu "molakmalik rupa'', alias mimikri. Manggis kuwi, yen nom banget kuning, rada tuwa malik ijo, yen wis mateng coklat, ungu semu abang. Abang lambe. Mula ana tetembungan lambene manggis karengat.
Wong sing atine manggis, gelem molakmalik, iku merga kepepet. Yen lagi arep kebukak boroke, lupute, sing bakal ngesorke ajining dhiri, biasane wong Jawa golek rekadaya. Sing marahi mesem, ana sing rekadayane mbodhoni, kaya kebo. Ethok ethok goblog, banjur njawab `'kula boten ngertos ingkang minulya.'' Ana meneh sing anggone nutupi lupute, kanthi nyalahake wong liya meneh. Wis ora jujur, ditutupi tembung sing apus krama, akhire klerune saya ndadra.
Kapindho, ngelmu manggis kang becik. Tegese, manggis iku woh-wohan kang simbolik. Wohe bunder kaya bal, ing perangan ngisor ana gambare kembang. Gambar kembang iku jebul nuduhake cacahe isi kang ana njerone. Mula, jaman SD biyen ana lelagon megatruh mangkene: Yen woh-wohan mentah enak iku timun, mateng enak iku kweni, manggis enak blibaripun. Manggis kuwi enake pancen yen diblibar. Sadurunge diblibar, katon banget njaba njerone. Iki woh sing blaka suta satemene. Tegese, yen jlarit-jlarit kembang ing kulite manggis mau nuduhake cacah lima, isine ing njero uga cacah lima. Iki nggambarake wong Jawa sing lair batine padha.
Manggis iku who sing apik, bleger blaka suta lan blak kotang. Nyatane, njabane coklat utawa abang ati, nanging isine putih. Putih banget. Wong Jawa kang jiwane manggis putih, mesthi wae ana.
Akeh
Bab iki uga namani kancaku sing lagi arep ngusulake jabatan "professor'', nanging dijegal-jegal kancane dhewe. Kancaku mau tetep ora duwe greget males marang wong sing kulina njegali lan mengkali. Kabeh ditampa kanthi putihe batin. Nyatane bisa kasil. Rasa legawa iku klebu ngelmu manggis. Gelem ndhadha kurang lan luput, banjur wani ndandani dhiri iku luwih becik. Luwih-luwih yen manggis mau dimungsuhke duren, mesthi wae kalah awu. Bab iki, uga lagi dakalami. Nasibku uga kaya kanca mau, diregoni, dijegal, disebari krikil bebasane ben tiba krungkeb. Mangka sing nyandhungi mau pepundhen, duren upamane. Duren kok nibani manggis, mesthi wae rontog.
Mula, mung ngelmu mangngis, putih kan thi ngalah sawetara, kareben lega durenduren sing dha kemaki mau. Duren sing emoh kungkulan manggis.
Katelu, ngelmu manggis sing ala. Wong Jawa manggis iku, ana sing ora becik. Yaiku, nalika wong Jawa kepengin "mlothot manggis". Manggis kuwi, carane ngonceki beda karo who-who liyane. Anehe, sing pengin mangan manggit kudu ngetokake kekuwatan, mlothot thot, nganti kulite manggis remuk. Wong Jawa sing seneng nggunakake ngelmu manggis, adate wong-wong sing gething kepati. Wong sing kesenggol ajining dhiri, adate sok tegel karo liyan. Tegele mau diwujudake kanthi patrap kaya wong mlothot manggis. Tegel merjaya wong liya. Tega njandhung nyrimpeti kanca sing arep munggah jabatan, iku uga tukang mlothot.
Wong sing lagi kedanan ngelmu manggis, sok ngudang serik marang sesama. Wong Jawa sing seneng minggetke liyan kaya ngenetke manggis, persis kaya kang sinamun ing Serat Candra Jiwa anggitane Ki Ening Budi, pupuh pangkur mangkene: Lamun sira nigas kanca, muring-muring atine nora bening, iku tandha tuwa druhun, urip tan nganggo rasa, dumeh kwasa nyuduk liyan seka pungkur, dolanan geni lan mawa, sajak bosen urip iki. Karya iki tau kanggo bahan Cangkriman TVRI Yogya, tanggal 15 Mei 2012, kanggo pemut marang wong Jawa sing dhemen ngegungake dhiri, gelem nindhes liyan. Nindhes kang sinartan getem-getem, bakal munculake plothotan manggis sing kurang manis.
Ngelmu mlothot manggis, adate ditrapake dening wong kakeyan polah. Dheweke sok rumangsa paling bener, paling senior, paling apik sakabehe. Mula sok tegel nenggel, ngudhet-udhet wong liya. Wong ngene iki duwe jiwa mendhem kesumat. Jiwane wong kuwi "lara". Lire, dheweke seneng lan surak yen ana kanca liyane rekasa, sengsara, malah tegel mlenet kaya manggis. Ngono iku, tegese kepengin who manggis kang putih, pengin enak, nanging kanthi mlothot kulit manggis. Tur meneh ana sing mlothot kulit manggis kuwi kanthi kanepson tenan. Bareng kulite wis rengka, mak petoto manggise, lega.
Ngadhepi wong Jawa manggis, pancen ora gampang. Wong sing kakon aten akeh. Sing atine thukul wulu, pengin mijet, mejet, mlenet, lan mlothot liyan uga ora etungan. Wong-wong mau, adat saben tembunge sok manis, nanging satemene ati  dhondhong. Dheweke rumangsa mulya uripe, yen kancane kebleseg-bleseg. Mula ana parikan uwit mundhu uwit manggis, yen lagi diaru biru ora sah nangis. Yen lagi diganggu, diplekotho ora sah nangis.
Suwardi Endraswara, dhoktor mistik kejawen, ketua prodi Pendidikan Bahasa Jawa, FBS UNY.