Sabtu, 13 Februari 2010

Ngelmu Sumur lan The Latah Pakurmatan

Pamomong

01 Februari 2010 | 23:31 wib
Dening Suwardi Endraswara image

ING bebrayan Jawa, ana telung perkara sing perlu diurmati, yaiku: wong tuwa, guru, lan pepundhen (pimpinan). Tetelune wis madhangake jagad Jawa. Wis ngusung wong Jawa seka pepeteng. Wis akeh labuh labete. Yen nganti dilirwakake, tetelune bisa ngelus dhadha, rumangsa kesiya-siya ngenes.

Para priyagung sing ”diwudani” ing ngarepe wong akeh, kiraku luwih lara timbang digebugi nganggo bogem mentah. Saya jaman tinarbuka iki, sajake bab ”bukak-bukakan”, nyodhog kana, ngantem kono, sok lali subasita. Solah bawa muna-muni akeh sing kebablasen. Nganti sok ana sing nranyak. Wani mlothot tembung-tembung sing ngabangke kuping. Sajake wis akeh sing lali jejer kawitane.

Najan saben dina Bakda, wong Jawa wis diwejang nganggo ujung, ngambung dhengkul marang sesepuh lan priyayi luhur, katone isih akeh sing nglirwakake. Pira cacahe, anak sing gelem urmat kanthi unggah-ungguh mlipis, ganep? Pira cacahe siswa/mahasiswa sing (isih) gelem mundhuk-mundhuk kaya kloloden gethuk, ngadhepi guru. Apa isih ana sing (kesdu) laku dhodhok, ngadhep pimpinane?

Siji loro, pancen isih ana sing nun sendika dhawuh. Udanegarane besus. Ning erosi tatakrama sing ketok mata iki, wis kebablasen. Sipat tegel ”ngudang” kanca, semu ngece, lan ngiwi-iwi wis kerep klakon. Ngono iku, jebul underane rembug ya ing kluwarga Jawa. Yen ing kluwarga wae wis dha ninggal susila anoraga, remuk. Saiki terus terang wis akeh sing karo simbok mlolok, marang bapak ndhupak, karo panggedhe gumedhe, karo bulik mendelik, marang simbah ora nggenah. Ateges wong Jawa wis gumingsir laku jangkahe. Wis akeh sing mundhuk-mundhuk ning nggembol watu saplenuk. Katone inggih-inggih, ning ora kepanggih. Sajake wis akeh sing minger keblate, keblinger, lali marang lajering urip.

***

MANUT sabdane Hyang Tunggal, ing lakon wayang Manikmaya, pancen manungsa kuwi kadunungan sipat patang perkara, yaiku: lali, apes, murka, lan rusak. Mula seka iku, ing jagad wayang kulit, Manikmaya (bathara Guru) ginambar tangane papat. Sipat patang bab iki sajake bakal ngembangi uripe wong Jawa, embuh tekan jagad kapan. Wusana, ora jeneng mokal yen wong Jawa akeh laline. Sing ala kuwi nglali, merga kesurung sipat murka lan pengin ngrusak, ora wurung njur apes ta?

Sing kebangeten, ana wong lali marang bibit kawite. Lali yen tau didulang simboke. Lali yen ompole tau dikumbahke. Iku jeneng wis kelepyan marang lantaraning urip. Tundhone sok lali marang Sing Gawe Urip. Beteke keglibeng sipat murka, perkara andum warisan wae, bisa dedreg. Durung sing nggepok dhuwit Negara, regejegan ora uwis-uwis. Kabeh lali marang jatine wong tuwa sing ngukir jiwa raga. Lali marang para bendara, sing wis gedhe labuh labete. Ana sing tegel karo wong tuwa, ngidak-idak, napuk raine priyagung bebasane. Glagat mikul dhuwur mendhem jero, ngurmati kanthi spiritual, tansaya luntur.

Bebasan wong Jawa sok ana sing lali yen tau ngombe banyu sumur kok wani ngidoni sumur, cuh! Dheweke kejaba ora sopan, cumanthaka, lha kok ora wedi yen kuwalat — yen banyu sumur kuwi suci lo. Kejaba yen sumure iku pancen kebak uwuh, tur ana bathange sisan, ya embuh. Iku sumur mati, sing wis suwe ora ditimba. Adate ngganda. Yen manungsa, yaw is mati rasane. Manut ngelmu sumur, tuke banyu mau, aku yakin apik, murni. Ning campuran reged kuwi lo, sing mbebayani. Ora beda karo jagade para luhur, pemimpin jane ya akeh sing sekawit suci. Mung wae, yen wis akeh uwuh, bathang, regedan, ibarate banyu sumur ora ditimba, ora mili —hemm, layak yen sumur iku wis ora dipepundhi.

Jaman lakon Damarwulan Ngarit, uga lumaku ngelmu sumur. Bapake Damarwulan, patih Maudara (Udara), tau mundur anggone dadi patih. Ora merga korupsi anggone lereh wrangka dalem. Ning dheweke urmat marang ratu, Prabu Brawijaya (sing wis murud kasedan jati). Melu urmat lan bela setya raja, dheweke trima leren dadi patih, njur digenti adhine Patih Logender. Dheweke trima mbeningake banyu sumur, kang wis tinimba. Ning dhasar adhine iki rada ngeyel, tau maeka Damarwulan ing jaman perang karo Minakjingga, sumur malik butheg meneh.

Dedreg udreg, apus karma, lan paeka, njalari sumur Majapahit reged. Tegese, anake patih Logender sing jeneng Layang Seta lan Layang Kumitir, diajari gawe katrangan semu. Kon matur gusti ratu Kencanawungu, yen sing mateni Minakjingga dheweke. Krenah lan kemonah iku sejatine ngemu pitenah. Patih Logender lali uga kebrongot murka, pengin muktekake anak (kroni) kanthi dhandhang diunekake kontul. Lhadalah! Katone dheweke urmat marang ratu, ning kebat srengate ngubeg-ubeg sumur, pengin Njongkeng kawibawan.

***

NALIKA aku maca karyane James Siegel kang sesirah Solo in the New Order; Language and Hierarchy in An Indonesian City (1987), satemene prinsip pakurmatan tumrape wong Jawa iku jero banget. Dheweke nggambarake owah-owahan basa Jawa Ngoko dadi krama, minangka ciri pakurmatan kang mirunggan. Ngoko (low Javanese) lan krama (high Javanese), bisa njalari wong kudu kurmat. Jare, ana pembantu sing jeneng Rumi bingung, arep njupukake obat cacing. Nalika ditakoni tamu, Rumi gugup: ”Apa kuwi Rum?” Dheweke njegreg, merga cunthel nggoleki tembung krama tumrap kirik kuwi apa. Yen arep njawab: ”Niki obat cacing kangge kirik,” manut pangrasane ora kurmat marang tamune. Sajake, Rumi pancen durung tepung karo tembung krama segawon, kang luwih urmat.

Manut Siegel, yen ana wong Jawa sing durung ganep tatakramane, isih kasar tembunge, ora ngurmati, diarani ”the latah”. Mula, bab iki uga klebu wong-wong sing wani ngeculake tembung kasar ing ngarepe wong akeh, kayata nalika sidhang ing Pansus Century —klebu ”the latah”. ”The latah”, kadhang adoh seka kurmat, lan sejatine uga ngesotake sing ngucap. Ajining dhiri kang mrucutke tembung, sagedhagan iku bisa mlorot. Yen ana wong ngundhamana kanca, kolega, kanthi brondongan tembung reged, ajining dhiri anjlog. Mangka, ngene iki sok kegawa seka sipat lali lan murka, njur tegel ngundhat-undhat, tanpa kurmat. Kepara mutiara kang dumunung ing blegere wong liya, katon tinja saupamane.

Satemene, manut panalitene John Pemberton kang kaemot ing buku On the Subject of Java (1994), akeh wejangan pakurmatan sing tinemu ing ritual manten. Adicara sungkeman, iku minangka tandha pakurmatan anak lan mantu marang maratuwa, sing bakal menehi dana rasa mulya. Simbol pakurmatan iki, diketok-ketokake marang tamu. Ironise, asring ana mantu sing mengkone wani nungkak krama marang maratuwa. Ana mantu sing degsura, sekecap dha sekecap. Pakulinan ngene iki sok kegawa tekan ngendi-endi, yen nuju ngemban negara.

Ya wis ben, sebab manut Geertz (Fred Inglis, 2000) jagad Jawa iki lagi lumebu ing ”the stages of the world”. Tegese, lagi dha keblebeg donyane sandiwara. Becik ditunggu wae, ben dha ngonclang the latah, ngobog-obog sumur, kanthi ninggal tatasusila. Ning kabeh mau, mbokmenawa drama. Kari manut ”sutradarane”. He he he. Njelehi ta. Ya, sedhela meneh, mbokmenawa bakal ana ”sumur gumuling”, nggegirisi! (35)

—Suwardi Endraswara, mulang Drama Jawa, ing FBS UNY

(/)

Ilang Jawane

Blencong

01 Februari 2010 | 23:25 wib
Dening Soedjarwo

Ilang Jawane

APA bener wong Jawa iku bakal ilang Jawane? Ilang Jawane tegese ilang sifat-sifat lan kepribadian kejawaane. Yen wis ilang Jawane kaya-kaya ya wis dudu wong Jawa maneh. Banjur wong Jawa iku dadi wong sing kaya apa? Wong Jawa diarani Jawa amarga nduweni sifat lan ciri-ciri tinartu. Upamane: wong Jawa iku basa ibune basa Jawa, kesenian, tradisi lan kabudayane tradisi, kesenian, lan kabudayan Jawa. Lha nek wis ora bisa basa Jawa, ora ngerti tradisi lan kesenian Jawa, ora tepung karo kabudayan Jawa, “gaya hidup”-e wis ora kaya salumrahe wong Jawa, apa ya isih bisa diarani wong Jawa?

Rehne anak-putune wong Jawa, mesthine ya tetep wong Jawa. Sifat-sifat kang tumurun marang anak-putu bisa dibedakake dadi rong werna, yaiku warisan biologis lan warisan sosial utawa kabudayan. Satemene sing bisa diwariske langsung iku ya mung warisan biologis. Rehne turune wong Jawa ya nduweni sifat fisik lan biologis kadideme wong Jawa, upamane: kulite nyawo mateng, rambute ireng lurus, irunge rada pesek, lan liya-liyane. Dene warisan sosial iku warisan sing bisa diwarisi srana sinau utawa liwat sosialisasi. Tanpa sinau utawa srawung karo padha-padha wong Jawa, ya ora bisa basa Jawa, ora tepung karo kesenian Jawa.

Warisan biologis iku wis kunandhut ana gen utawa bibite. Rehne bibite wong Jawa, ya marisi sifat fisik dalah potensi-potensi mental Jawa. Wong Jawa sing digulamenthah lan digedhekake ing kulawarga manca mung oleh warisan biologis, ora oleh warisan sosial.

Lha gambarane wong Jawa sing wis ilang Jawane iku ya sing kaya ngono mau. Nanging keh-kehane wong Jawa sing urip ing satengahe bangsa lan kabudayaan liya, ya isih padha ngleluri kabudayane leluhure, upamane wong Jawa kang dedunung ana Suriname, wong Jawa sing daerah-daerah transrnigrasi ing luwar Jawa.

Basa lan kabudayaan Jawa iku tansah ngrembaka lan owah-gingsir nuting jaman kelakone. Kabudayaan Jawa iku perlu diuri-uri supaya lestari lan isih tetep dadi warisan kanggo anak-putu, mung bae kabudayaan mau besuke mesthi wis beda karo kabudayaan Jawa saiki, nanging ora ateges menawa wong Jawa banjur ilang Jawane. Ya mung “Jawane” wong Jawa besuk mbokmenawa wis beda karo “jawane” wong Jawa saiki.

Pancen ana bae wong Jawa sing ora njawani, sauger wong Jawa iku isih ana, kajawaane mbokmenawa uga tetep isih ana, Dadi, tetembungan “wong Jawa ilang Jawane” ora bisa disurasa kanthi wantah bae. Sing genah keiawaane wong Jawa iku owah-gingsir nuting jaman kelakone. Pamiara lan panguri-uri iku perlu, nurih kajawaan mau ora adoh mlencenge. (35)

(/)

Sabtu, 28 November 2009

Sadumuk Bathuk Sanyari Bumi


Suara Merdeka 22 Nopember 2009 | 21:47 wib
Dening Soedjarwo

SANAJAN mung sadumuk yen bathuk, senajan mung senyari yen bumi, iku kawawas barang kang pengaji banget. Bathuk sing ana sirah iku lambang kaurmatan, martabat, lan harga diri. Dene bumi, sanajan paribasane mung sanyari, ing negara agraris pengaji banget. Menawa ana wong sing ngina utawa ngasorake harga dirine utawa ngrebut bumi utawa palemahane, kudu diadhepi lan dilawan. Harga dhiri lan hak milik tumrap palemahan iku kudu dikukuhi, kudu dipertahankan dengan mati-matian. Bebasan perlu dibelani kanthi pecahing dhadha lan wutahing ludira.
Akeh pradondi utawa sengketa atas tanah. Sengketa mau asring nuwuhake padudon lan ontran-ontran. Senajan perkarane wis diputus ing pengadilan, eksekusi ora bisa katindakake amarga anane perlawanan saka pihak sing rumangsa duwe hak tumrap lahan mau.
Tanah utawa lahan iku, luwih-luwih ing kutha, saya suwe saya larang regane, awit bumine ora tambah amba dene penghunine saya akeh. Sengketa lahan mau ora mung ing antarane wong siji lan sijine, nanging uga antarane bebadan siji lan sijine, malah ing antarane negara siji lan sijine.
Ing crita wayang ana lakon ”Kikis Tunggarana”, yaiku rebutan alas Tunggarana ing antarane Pringgadani lan Trajutrisna, ing antarane negarane Gatutkaca lan Boma Narakasura. Rebutan wilayah iku nuwuhake peperangan ing antarane Pringgadani lan Trajutrisna. Perang Bratayuda underane ya rebutan negara. Negara Ngastina warisane Prabu Pandu Dewanata dititipake marang sedulure, yaiku Destarasta. Destarasta nglintirake negara mau marang putrane Duryudana. Bebasan ngemut legining gula, Duryudana sasedulur ora nglilakake menawa Ngastina dijaluk bali dening Pendhawa. Mula banjur ana perang gedhe sing jenenge perang Bratayuda Jayabinangun.
Bangsa Indonesia uga berjuwang mati-matian nalika ngrebut bali Irian Barat, Irian Jaya utawa Papua. Bangsa Indonesia rumangsa gela lan susah nalika pulau-pulau Simpadan lan Ligidan uwal saka laladan Indonesia lan dadi hake negara jiran Malaysia. Mula nalika Pulau Ambalat diirik-iriki Malaysia, akeh pemuda kang kanthi jiwa patriotisme kang makantar-kantar siap dikirim menyang wilayah perbatasan minangka sukarelawan.
Indonesia iku nduweni garis batas wilayah kang dawa banget. Akeh wilayah sing rentan penyelundupan lan rawan pencurian ikan. Indonesia mandhang kerugian sing gedhe marga perairane dijarah dening maling-maling iwak. Sarana lan prasarana kanggo njaga wutuhing wilayah, kanggo nanggulangi penyelundupan lan pencurian ikan, minim banget. Supaya kedaulatan teritorial Indonesia iku diurmati dening negara liya, perlu anane angkatan laut sing kuwat kanthi sarana lan prasarana sing nyukupi. Negara utawa pihak-pihak kang nglanggar kedaulatan wilayah Indonesia kudu nampa piwales utawa dipatrapi paukuman. Sanajan mung sadumuk yen bathuk, senajan mung sanyari yen bumi, perlu dibelani nganti pecahing dhadha lan wutahing ludira. (35)

(/)

Sabtu, 14 November 2009

Apa Bener Wong Jawa Urik?

Pamomong

Suara Merdeka 25 Oktober 2009 | 17:00 wib
Dening Suwardi Endraswara

Apa Bener Wong Jawa Urik?

image

WONG Jawa pancen dhemen njarik lurik, alias urik. Ora gedhe, ora cilik, kabeh dhemen urik-urikan. Yen bocah cilik, latihan urik, dolanan adu wayang, ana sing ditekuk. Ana sing dolanan karet (uthut), ning ora beres. Ana sing seneng dolanan oyak-oyakan, dhelik-dhelikan, umpet-umpetan, esem-eseman, ning sejatine pengin njegal kanca. Iku ati Jawa. Semonoa yen gelem ngakoni.

Urik tegese pinter apus krama. Senengane ngepring apus. Mbulet-mbulet. Ting prungkel pikirane kaya dhadhung, muntir-muntir. Seneng nyandiwara. Kadhangkala, abang dikandhakake ijo, ijo dikandhakake abang. Beteke kepengin golek untung. Untunge dhewe sing diubres, sokur kelompoke (trahe), njur wani dolanan tembung. Tembung sing katone digawe manis manuhara, jebul sok ngemu melik. Tobat-tobat, anak kadhal jare tobil. Tobil-tobil, anak kethek jare munyuk.
Wong dhemen urik, uripe katon nganggo larikan, ning morak-marik. Ora karu­wan. Merga, atine pijer kepengin ngakali wong. Pengin ngukil-ukil perkara, ben ba­thine mili menyang awake dhewe. Hemmm!
***
DAYA nalar Jawa pancen akeh sing nyurung tekan jagad urik. Seneng adu-adu. Mula ana tembung adu manising rembug kaya kapuk, empuk, ning kopong mlompong. Pong-pong bolong ndhog merang ndhog sapi, pecah-pecah endhogmu siji. Ateges sing dioyak siji thil, bathine dhewe, Najan wong liya gundhul, dha ‘’PCDS’’ pecas endhahe (nuwun sewu), awake dhewe gela-gelo, seneng atine.
Wis-wis, wong Jawa yen wis namakake jiwa urik tansaya nggladrah. Kadhangkala tekan mbahne urik, yaiku dhemen ngglibeng. Ora perlu kaget, kadhangkala katone njaba manthuk-manthuk, mesem-mesem, ning njerone ngandhut melik. Isih mendhing yen mung melik, pamrih, sing mbebayani ana niat nendhang, nempang, njegal, lan ngebrukake. Yen wis wong liya jekangkangan, keplengkang-plengkang, sajake lega ndonya. Yen wis ngen iki lhadalah!
Wong seneng urik iku dhasar, gawan bayi. Ning uga ana sing kedayan seka wong kiwa tengene. Wong sing cedhak karo Sengkuni, iki sok klemak-klemek, ning mengkal-mengkal sikile. Sengkuni-isme, jebul asring mili ing getihe wong Jawa. Luwih-luwih yen wis kulina ngenam-enam tembung, tembung sing bisa ngruntuhake ati, jan tansaya mbebayani. Saya marahi gendra.
Tumrap sing hobi Sengkuni-isme, lagak langguke wis cetha. Biasane sok plak-plek, tembunge katon putih, memes, alus, jebul nggegirisi. Sing luwih medeni meneh, wong urik iku asring ngutip-ngutip ayat suci, ngutip tembang-tembang kuna, kanggo ngyakinake sing dijak omong. Yen wis ngono iku, adate sok njalari wong kapiluyu, kesedhot, njur katut, keli, kolu tekan jagad sing peteng. Luwih-luwih yen Sengkuni-isme mau ketemu Dornaistis, jan saya keplantrang adoh.
Ndlangentak sontoloyo ta! Lha piye, pancen wong Jawa kuwi ngono, sugih krenah. Ning kebacute krenah, sok tekan julig. Pol-pole ana sing tegel nekak gulune kanca bebasane. Katone nyedhak-nyedhak, ning jane adoh, Katone mesem-mesem, ning mung lamis, ulas-ulas bawang, mangka bawang kopong. Iku ruh sing kadhang mili ing getih kenthele wong Jawa. Abang-abang lambe, alias basa-basi asring ngembangi donya Jawa.
Diakoni apa ora, wiwit jaman biyen wong Jawa pancen ngono. Jaman Ajisaka ngrang­ket Dewata Cengkar, rak ya wis nganggo urik ta. Ndadak nggelar iket (udheng), jebul njur tegel njegurke segara. Jaman Sunan Kudu, Arya Penangsang, lan Sultan Hadi­wijaya rak ya wis mambu urik-urikan ta? Ndadak sing duwe tembung rajah Kalacakra, apa tembung liyane, intine yen kurang begja sok mblondrokake. Malah ing alam, Ora beda nalika Rara Jonggrang nolak tresnane Bandungbandawasa, ndadak kon mbangunake candhi, apa ngono iku ora kle­bu urik. Urik ta? Nyatane njur nggugahi wong-wong tani, simbok-simbok kon dha tangi, nutu beras, ben dikira wis bangun rahina.
Sajake, urik iku pancen wis mbalung sungsum tumrape wong Jawa. Malah ana sing sedina-dina rumangsa kurang, kleru, lan utang yen ora nguriki wong liya. Suwalike, wong liya uga kudu siap nampani urike pihak liya. Sing marahi senut-senut, antarane sing urik lan sing dijak urik, kadhang wis ana gedheg anthuk lan pidak jempol. Takera-takeran untung ngene iki sing sok keplayu tekan jagad letheg, reged, lan jember.
***
DONGENG Kancil, rak ya ngono ta, ana urik-urikan, sing penting dhirine sukses. Donyane wayang kulit uga ngono. Kresna sing kondhang wicaksana, jane uga sugih jiwa urik. Jaman ranjapan Abimanyu, priye trekahe Kresna ngaling-alingi srengenge. Jaman Banjran Dursasana, Kresna uga duwe jiwa urik. Samono uga jaman Duryunana gugur, kabeh kebak pitenah, kepengin nguwasani wong liya. Donya fiktif Jawa iku satemene nggambarake alam pikire wong Jawa, sing sawektu-wektu bakal dumadi.
Mula ora perlu kaget, yen ing jagad Jawa iki, akeh sing wis wareg urik-urikan. Bal-balan, badminton, sekak, lan olah raga liyane asring kebak urik. Dolanan gobagsodor, jamuran, mul-mulan, macanan, cu­blak-cublak suweng, lan liya-liyane asring tinemu jiwa urik. Njur digebyah uyah, kabeh cak-cakaning urip ana urik-urikan, dolanan, main-main, lan apus-apusan.
Sing marahi menjelut weteng, yen dolan­an urik-urikan mau uga nggepok peprentahan lan negara, mbilaeni ta. Mosok, antarane partai siji lan sijine katone akur kaya mimi lan mintuna, jebul atine dha kebak singgat ketaton. Utawa, suwalike, ketoke dha ana satru bebuyutan, udreg-udregan, jebul bareng wis ngopi bareng, ilang kabeh. Kabeh lumaku setel kendho kenceng.
Pancen seprene durung ana sanksi kang cetha, tumrap sing gelem dolanan ilat. Obahe ilat kuwi pancen sing kanggo gaman urik. Yen ilate wis ngilat ula, woww, akeh cawang-cawange, tur ngemu upas mandi. Ora wurung bakal ana korban. Wong-wong cilik biasane sing nampa akibat. Yen wong gedhe-gedhe dha adu manising tembung, katone mung sanksi alam sing bakal ngerti. Alam sing bakal menehi ukum. Yen wong biasa, kiraku bakal mopo, pasrah, lan mangga kersa Kang Gawe Urip.
Najan ngonoa, yen kurang waspada, adate sok ana sanksi sosial sing ora ana wates wektune. Sanksi sosial iki bakal nggeret kabeh laku urik tekan alam sing ora mekolehi ati. Deloken wae, nalika akeh wong wis dhemen urik donya Jawa iki cepak jebole. Luwih-luwih yen ana guru wis nguriki murid, wartawan nguriki pembaca, kyai nguriki santrine, pemrentah nguriki rakyat, lan suwalike. Yen wis adu urik-urikan, genah saya akeh dredah.
Lan sing luwih mbebayani meneh, yen ana wong tegel nguriki kluwargane, anake, lan bojone, genah cepak ambrole bale wisma sing diwangun pirang-pirang taun. Gawat meneh, yen ana wong wis tegel nguriki pribadine. Mosok tegel karo awake dhewe, Mangga, ning ing jagad Jawa bakal ana wong-wong sing dolanan urik kuwi. Genahe, wong sing seneng urik kuwi merga duwe gegayuhan kumel. Pepenginan sing mburu wudele dhewe.
Urike bapak marang anak, dhawuh: ‘’Tukokna rokok’’, kamangka arep duwe karep liya. Urik kuwi akal-akalan, jiwa kancil, sing golek slamete dhewe. Urik sing apik, jare angger dora sembada, oleh. Angger ana digdaya lan nyatane. Nguriki maling, oleh. Sing payah, yen maling nguriki maling, aneh ta kuwi. Ning sapa sing urik, biasane tetep njelehi. Urik tetep sok ngrugeni wong liya. Haratayah, piye yen kepleset, jekangkangan, terus klenger ta! (35)

(—Suwardi Endraswara, pengajar Filsafat Jawa FBS UNY /)

Plesetan

Blencong

Suara Merdeka 08 Nopember 2009 | 11:21 wib
Dening Soedjarwo

Plesetan

PLESETAN iku panganggone tembung-tembung kang diplesetake. Tembung-tembung kang diplesetake iku digawe geseh pakecapan sarta surasane. Upamane tembung rombongan diplesetake dadi rombengan, tembung menthung diplesetake dadi mlenthung, tembung seneng diplesetake dadi seneb. Ketua rombongan diplesetake dadi ketua rombengan, tim perumus dadi tim penjerumus, tim penguji diplesetake dadi tim pemungli lan sapanunggalane. Sing diplesetake iku ana sing awujud paribasan, upamane Nulung menthung dadi Ditulung malah mlenthung; Witing tresna jalaran saka kulina diplesetake dadi Witing tresna jalaran saka kuliyah utawa Witing tresna jalaran liyane ora ana; Wani ngalah luhur wekasane dadi Wani ngalah dadi kalah-kalahan wekasane.
Tembung sing diplesetake karo plesetane loro-lorone tarkadhang disebutake, upamane: ”Lha kono seneng, aku sing seneb; kono renes, kene sing ngenes; kono sing untung, kene sing buntung; ora mbantu malah mbantai”.
Unen-unen kaya ”Sepi ing pamrih rame ing gawe” diwalik dadi ”Rame ing pamrih sepi ing gawe”; ”Ora waton omong, nanging omong sing waton”. Pitutur luhur uga sok diplesetake, upamane ”Sugih tanpa bandha, nglurug tanpa bala, menang tanpa ngalahake”, diterusake jajan tanpa mbayar. Plesetan liyane upamane: Ora handarbeni kok melu hangrungkebi; Tut wuri Handayani (Apa Handayani kuwi ayu ta?).
Sing diplesetake iku ora mung tembung basa Jawa utawa Indonesia, nanging uga tembung saka basa Inggris, contone: Suk yen pemilihan kepala daerah kowe milih calon sing incumbent apa calon anyar? Wangsulane, ”Ora, aku seneng sing in kemben (ing sajroning kemben) wae.”
Tujuwane plesetan iku ana kang minangka kritik sosial, ngenyek utawa ngece, lan geguyon. Geguyon mau tarkadhang sok nyrempet-nyrempet bab sing ”porno”. Upama: Ayahane wong wadon iku rak nglempengake barang sing bengkok, emane sawise lempeng kok terus dibengkak-bengkokake. Tembung nglempengake/meluruskan sing adate ora wantah iku digawe wantah.
Tarkadhang ana jeneng sing diplesetake, contone kaya lelucon ing ngisor iki. Amin takon marang Aman: ”Man, kowe kok ora gelem dirabekake karo Rukmini sing ayu kae?” Wangsulane Aman: ”Ah, aku emoh rukmini, sing takgoleki sing maxi.”
Plesetan-plesetan iku ana kang awujud parodi, yaiku lelagon utawa puisi sing ing kana-kene tembunge diganti utawa diowahi, saengga surasane wis nyimpang karo surasa asline. Tembung-tembung ing Sumpah Pemuda tau diplesetake. Lagu kebangsaan Indonesia Raya ing Malaysia kabare tembung-tembunge uga diganti, diplesetake sing surasane isi pangina marang Indonesia. Ing puisi mbeling ”Syahadat” sing sifate religius lan suci iku uga diplesetake utawa ditulis parodine. Parodi mau unine: ”Aku bersaksi: tak ada pangeran yang naik kuda kecuali Pangeran Diponegoro, dan tak ada Mohammad yang jago tinju kecuali Muhammad Ali.”
Plesetan iku isi kritik sosial lan geguyon. Guyon-guyon mau sok keladuk, bab-bab sing kudune diurmati digawe nyek-nyekan. Guyon-guyon mau uga keladuk olehe nyrempet-nyrempet bab-bab kang lekoh utawa ”porno”. (35)

(/)

Sabtu, 25 April 2009

Penutupan peringatan Maulid Nabi Muhammad SAW

Hari minggu ini rencana aku mau olah raga sepeda pancal, tapi akhirnya gagal karena ketika aku bangun tidur hari sudah agak terang, rasanya malas untuk mulai mengeluarkan sepeda polygon extrada, meskipun tidak jadi sepedaan, tapi tidak kalah sibuknya dihari ini, setelah membantu istri mencuci pakaian, bersih-bersih rumah untuk memindahan bufet di kamar belakang, kemudian mengeluarkan kasur untuk di jemur karena sudah beberapa hari ini, tidur dengan ditemani bau omponya si Zahwa.
setelah semua selesai, isteri ngajak ke kota untuk beli sesuatu sekalian beli ikan untuk ngisi kolam, karena ikan warna merah yang ada dikolam sebelumnya pada mati hal ini disebabkan kurangnya ppasokan air, sehingga kekurngan oksigen. pergi kle pasar ikan splendid beli ikan warna merah enam ekor.
Agenda malam hari rencana mau mengadakan rapat penutupan panitia peringatan Maulid Nabi Muhammad SAW di lingkungan RT.08 RW.02 Tegalgondo. dengan menutup serangkaian kegiatan peringatan maulid nabi ini dengan acara laporan kegiatan dan laporan keuangan, sehingga warga tahu segala sesuatu. Peringatan Maulid nabi ini terhitung sukses dibandingkan putaran-putaran sebelumnya, dengan mendatangkan Ustadzah yang jarang ditampilkan di lingkungan Tegalgondo sehingga membuat antusias para jamaah khususnya jamaah ibu-ibu. dengan pembicara dari kota Pasuruan yaitu Ibu Dra Uci Nurul Hidayati, meski datangnya agak malam sekitar pukul 22.45 WIb akhirnya terobati penantian yang panjang, meskipun juga sebelumnya telah dihibur oleh kasidah modern Alaska dari Malang.
Alhamdulillah mulai persiapan sampai penutupan semua berjalan lancar mudah-mudhan tahun depan akan lebih meriah lagi.................amin

Selasa, 14 April 2009

Akhirnya Datang Juga

akhirnya apa yang ditunggu-tunggu selama lima tahun, ternyata sampai pada saatnya untuk memilih, mencontreng, mencawang, dan sebutan apalagi ya yang cocok. Meski menjadi panitia tingkat bawah tidak kalah repotnya dengan KPU yang diatas sana. karena KPPS berhadapan langsung dengan pemilih. ada yang protes karena tidak terdaftar di DPT, banyak juga yang mengalami kuwalahan membuka surat suara, sehingga menyebabkan antri yang sangat panjang dan menyibukkan panitia. karena tiap pemilih mendapatkan 4 surat.
Dan pada akhirnya tepat jam 12.00 WIB, TPS 08 ditutup saatnya dilakukan perhitungan suara. dan sudah diprediksi sebelumnya partai Demokrat unggul di TPS 08, dan ternyata ketika dilakukan perhitungan rekapitulasi pada hari minggu (karena hari minggu aku dan ketua KPPS pak Takim dapat Undangan) di PPK kecamatan karangploso, Desa Tegalgondo yang mendapat antri pertama tetap partai Demokrat yang unggul.
Meski banyak keruwetan, ternyata pemilihan di TPS 08 berjalan lancar dari data DPT 466 (data DPT ini kurang valid karena banyak pemilih yang ganda, pindah, sudah meninggal masih tercantum)yang datang ke TPS sebanyak 316. lumayan banyak partisipasi warga.
Mudah-mudahan untuk Pilpres kedepan lebih baik, aman, lancar.